Dino kuwi pas dino sabtu aku kudu neng yogja tanda tangan lan nyerahke syarat - sayarat kanggo sekolah maneh seng jenenge ppg. Aku rumongso kebejan amargo sak akehe uwong seng melu pretes jenengku katut nyantol ono ing daftar calon mahasiswa. Antarane bingung lan bungah dadi siji, bingungku aku ora bakal sanggup yen kudu pisah karo anak bojo semono suwene. Bungahku yoiku aku iso nglaksanaake janjiku marang bopo ku almarhum, amargo aku pernah janji nyambutgawe seng utomo iku golek jeneng sek banjur golek jenang. Tegese aku kudu sabar anggone nyambut gawe supoyo iso ngasilke seng luweh pantes.
Yoben to sitik olehku seng penting anjeg lan tumurut aku wes maturnuwun marang gusti kang paring rejeki. Aku kepikiran wektu arep budal kui babar blas ora duwe duwet sak mbil -mbil 'o banjur bojoku telpon karo koncone seng no sumatra jileh duwet kanggo sangu. Sak det sak nyet wayah kuwi langsung wae ditransfer karo koncone bojoku. Aku wes lego amargo oleh sangu arepo sak ithik nanging morotuwoku yowes njanjeni yen teko klaten bakal ditambahi sangu.
Jam songo isuk aku mangkat soko sragen numpak motor bebek matic seng wes rodo buthek cet e. Aku diterke bojoku alon -alon goleki kampus seng arep tak go kuliah sak rampunge kuliah daring. No. Ndalan aku gur meneng manut bojoku leh arep gowo, banjur teko klaten bojoku njujug omahe budhe ratmi.
Bjoku :" kulonuwun, sugeng enjang budhe?"
Budhe: "nggih.....owalah......kowe to le, tak kiro tamu ko ngendi lho, piye kabarmu lak yo sehat to? Suwe ratau kepethuk,ratau dolan rene pangling aku"
Bojoku: "njeh budhe nembe repot ten sragen terus budhe"
Budhe: "wo.....lha iyo....iki bojomu to le? Lagi weruh budhe kog yo ratau mbok jak rene tho yo.....?"
Bojoku : "nggeh budhe, lha gendhuk niku kerjo terus njur ngurusi lare - lare budhe mboten saget dolan"
Budhe :"iyo rapopo, iki wes do sarapan rung? Kae mau masmu masak neng mburi nek rung sarapan ndang nyusul kono do sarapan!"
Bojoku : "sampun budhe"
Budhe :"njur iki arep nondi? Opo arep goleki bapakmu to le?"
Bojoku :" nggeh budhe mbok menawi mas gadhah nomer hpne bapak, gendhuk niku angsal berkah budhe, ajeng sekolah maleh wonten yogja biaya pemerintah".
Budhe :"wo.....yo alhamdulillah......lha jane masmu yo nyambut gawe no kono lho neng pas e ora ngerti budhe"
Bojoku :" wo...nggeh budhe?"
Banjur soko lawang mas roy metu nyopo bojoku "piye dek?madosi bapak?riyen kulo telponke"
Sawetoro mas roy telpon njur dijawab "wo niki bapak sampeyan nembe mios dek mangke jam kaleh turene ajeng mriki"
Bojoku banjur aclem cayane let sedilit pamit karo budhe karo mas roy, alon -alon awake dewe mangkat neng warunge ibu morotuwoku. Neng kono dilit wedangan karo mangan nyamikan, aku diuncali amplop karo biyung "nyoh nduk ibu mung iso nyangoni iki" tak bales "geh bu matur nuwun" wes sakwetoro wektu aku ro bojoku terus budal neng yogja.
Teko nggone kampus aku sek bingung goleki ruangan TU munggah mudun tak ubengi gedung e nganti kesel sikilku. Banjur aku nemu ono mushola neng kono tak demke sek pikirku nyembah marang gusti kang paring tetulung. Sakwise sholat byar......padhang olehe golek dalan, banjur aku neruske laku tibakno ruang TU cedak karo mushola kui mau. Aku langsung mlebu njur takon - takon carane daftar ulang kimau. Neng kono tibakno wes ono daftar e kari tanda tangan njur nyerahke syarat2 wes muleh.
Tak delok soko kadohan bojoku sajak sayah lan luwe nanging mung ditahan, ora wani cecolo kuwatir aku raduwe sangu yen dikelongi kanggo tuku mangan. Sedino bojoku lan aku nahan luwe mergo kahanan kui mau. Aku ro bojoku balik no klaten wes rodo sore banjur goleki bapakne bojoku meneh ono kampunge. Mas roy seng no lapangan ngarep omah ngerti bojoku njur nyedak kabarke " dek, mpun balek to?niki wau bapak sanjang yen ajeng makani ayam ngoten niku dientosi riyen geh?" bojoku njur jawab " geh mas"
Mas roy banjur mlebu ngomah pamit yen arep nyiapke mandi kanggo budhe. Duh.....mas ku ki sayang banget karo ibuke, aku mung mbatin isin yen ngene ki. Aku karo bojoku banjur tenguk -tenguk ono ngarep omahe bapak seng ditinggal rodo suwe. Hawane wes ra kopen tur kebak sawang, aku mung ngobrol karo bojoku.
Rodo suwe lehku ngenteni no ngarep omah karo bojoku nanging ora ono kabar lan rembugan. Banjur bojoku goleki mas roy seng lagi wae mlebu ngomah bar ko lapangan mau
Bojoku :"mas, omahe bapak ngendi to?"
Mas roy : "omahe kono dek, aku pas e rung ngerti tapi dalane rono njur rono "(karo nuding arah)
Bojoku: "geh mas, kulo padosane"
Ndelalah....dulure bojo enom bapak morotuwo metu njur ngomong "mas, monggo sareng kulo, niki geh arah mriko"
Bojoku :"o geh matursuwun"(karo ngetutke nyang mburine)
Aku karo bojoku ngepit alon -alon karo rengeng -rengeng yen bojone bapak iki seng nomer telu. Aku mung meneng ngrungokne karo mbayangke wajahe bojo nome bapak ki po yo ayu tenan kog nganti bapakku morotuwo nganti kepincut. Ora ngiro perjalanan sakwetoro menggak -menggok banjur teko omah e bapak
Teko omahe bapak wes magrib, pas bapak yo arep metu jare meh marani bojoku " wo lha iki malah wes teko kene, sirku arep rono"
Bojoku : "wes rasah aku wes no kene"
Bapak :" yowes rene sek, ayo mlebu kene"
Mbok nom : "wo....mas riswan monggo mas mlebet...."
Aku karo bojoku banjur mlebu no omah jowo kuno kuwi mau.
Sak wetoro podo ngobrol akeh - akeh aku njur jaluk ijin karo bojoku arep no mesjid seng cedak, nanging raoleh karo bojoku amargo durung ngerti papan dununge mesjid mau bojoku semoyo mengko dilit ngkas wae no mesjid cedak e budhe. Aku yo manut wae mergo bojoku sajak e rodo muring karo bapakne amargo digoleki raketemu njur kakean alesan wae. Mboh seng dicrito opo aku ora patio gatekne mergo wes kesel tur ngantuk sedino keluwen rawani jajan.
Let sedelo banjur bojoku ngajak muleh, aku pamit karo mboknom lan nututi neng mburine bojoku. Mlaku alon -alon tumuju omahe budhe meneh nanging ora mlebu gur no ngarepan. Aku no mesjid sholat magrib sek njur tenguk - tenguk no pinggir taman seng ngarepe ono lapangan. Bojoku njur crito karo bapak e masalah opo mboh aku ra weruh, ngerti -ngerti mak jenggilat......
Bojoku : " ayo nduk, muleh wes wengi"
Aku : "ayo kog"
Bojoku :" njaluk sangu bapak!"
Bapak :" bapak ra duwe duwit kog, enek e pitik gowo pitik piye?"
Bojoku : " neng yogya gowo pitik go opo?"
Mak klepat langsung ngegas olehe gowo motor bojoku karo mak prempeng cayane abang ireng arep muring.
Bojoku mlaku alon -alon olehe ngepit balek no sragen, sak wetoro aku no mburi mung iso neteske luh mbrebes mili soko moto iki. Bojoku mung meneng njiteb raono sworone babar blas, aku ngrangkul wetenge bojoku karu sesenggukan lehe nglabeti bojoku marani wong tuwo seng dijaluki tulung wektu iku ora kasil opo -opo malah disauri seng ramasuk akal. Aku mung iso nangis karo ngeyem -ngeyem bojoku "mas aku mau wes disangoni ibu kog". Bojoku kanthi sworo abot leh nyauri "ow ....yowes disimpen sek"
Ora ngiro ora nyono bojoku leh usaha kanggo golekne sangu aku nganti direwangi nandang kisinan mergo diwangsuli bapakne koyo ngono kuwi. Aku ora getun sedino ra mangan ora etuk sangu tambahan neng atiku seneng duwe bojo gemati, ngerteni kahananku tur yo ora kakean sambat. Aku seneng arepo uripku pas -pasan nanging iso bareng -bareng disonggo wong loro.
Teko ngomah wes bengi anak -anakku yowes podo turu. Bojoku mung meneng wae ora ngomong opo -opo njur adus. Aku ugo adus njur leren sedelo banjur ngobrol karo bojoku. Ngobrol sedelo wae wes ayem neng ati, mergo bojoku wes gelem ngomong maneh. Banjur aku dikon turu karo deweknen. Aku seneng lan susah wektu kuwi atiku campur aduk nanging kudu kuat kanggo masadepan anak -anakku.