Rabu, 21 Oktober 2020

Ngenes

        Dino kuwi aku rumongso ono seng aneh soko bojoku. Biasane muleh soko luar kota banjur nyedak terus nyritakne opo seng dialami ono ndalan. Tapi dino kuwi bjoku muleh soko luar kota malah dolan meneh nyang gone koncone. Aku ora duwe pikiran piye - piye wektu kuwi. Bareng pirang -pirang dino no ngommah kog rasane aku samsoyo adoh karo bojoku.

        Seminggu iki aku nyat ora tau niliki hp ne bojoku,amargo aku yo wes percoyo ngono wae karo bojo. Tak sawang soyo suwe bjoku kog tingkahe aneh,saben telpon ngadoh soko aku lan anak- anak. Yen lagi buka hp mesti ora gelem nyedak karo aku. Aku yo ora dwe roso curiko tak kiro yomung karo koncone amargo koncone tambah akeh.

          Bareng wayah wengi aku ngrasakne ora iso turu,tak gatekno bojoku ketoke yo podo dene ora iso turu amargo ngrasakne awake greges- greges. Sak durunge turu sore mau dweke sambat yen awake masuk angin

Mas jepri : "nduk,awakku ketoke kog masuk.                             angin yo "

Aku : " iyo ngkosek tak neturu anake ben ra .                    ganggu njur tak keroki"

Mas jepri :"yo "(karo nyambi ngutek- ngutek hp)

Aku banjur ngeloni anak seng bayi nanging yo tetep ora biso meremke mripat. Ora sengojo aku ndelok bjoku buka hp nganggo kode. Bjoku yo ora sadar yen aku ndelok no mburine. Ketoke bar wa karo wedoan tapi aku ethok- ethok ra weruh. Aku nyobo meremke mripat sak iso-isone nganti isuk. 

         Azdan subuh wes saut- sautan wayahe aku tangi subuhan lan gawean liyane. Bar sholat subuh aku nyobo buka hp ne bjoku niliki nomer kode bner opo ora. Lha ndilalah kog yo pas banget lehku mencet nomer,meneng wae karo alon -alon lehku buka hp mau. Tak enteni nganti kondisi hp siap dibuka wa ne. Mak tratap.....!!! Atiku rontok.......moco wa ne bojoku.

           Isine wa ngumupke isine sirahku koyo arep mbledos rasane,dodoku ampek,sesek kepingin nempiling bojoku sak rosane. Pikiranku amburadul detik kuwi.......kiro- kiro ngene iki isine wa.

 Mas jepri :"malam sayang...." 

Sarah :" malam sayang lagi apa nih?"

Mas jepri :" aku lagi kangen kamu sayang"

Sarah :"ah....masak!! Kapan ketemu lagi say?"

Mas jepri :"iya besok ya kalo aku dah sembuh,aku samperin kerumah kamu"

Sarah :" emangnya sakit apa sih mas....."

Mas jepri: "sakit masuk angin sayang......minta dimanja donk....."

Sarah :"iya....sinilah......love you...."

Mas jepri :"love you to,dah ya tak bobok sek"

Sarah :" oke...."

              Rampung lehku moco rasane koyo arep mbengok sak bantere,ananging aku ngelingi anak seng isih cilik lan ora perlu ngerti sedih e wong tuwone. Hp ne langsung tak uncalke no ngarepe mas jepri."nyoh......ono wa"."sopo?"(wangsulane mas aris lirih rumongso salah) "aku nimpali atos "mboh,ra ngerti"

              Aku njur masak no pawon terus ngurusi anak. Rampung gonku leh gawean omah langsung metu tanpo pamit karo bojo lan anak. Anakku ora kaget yen ibune langsung lungo amargo wes biasa no omah dewe. Wes rodo awan aku njur marani bojoku neng toko gone leh nyambut gawe. Bjoku cayane melas karo nyawang wajahku seng wes abang ireng nahan emosi ket isuk, nanging rung keweton

Mas jepri :"ngopo? Enek opo?"(katon lirih anggone takon)

Aku :" ora popo" (mlaku karo mecucu)

               Ndelalah dino kuwi pelanggan toko akeh tenan. Aku tetep ngenteni longgare bojoku karo dolanan hp. Bareng wes rodo longgar aku banjur narik mas jepri mlebu no ruangan. Pelanggane diopeni karo karyawan liyane

Aku :(tak geret kupinge karo nesu -nesu)"awakmu ki po ra mikir to ma...sss yen wes duwe anak,wes tuwo butuhe soyo tambah kog polahe ra karuan"

Mas jepri :" iyo,aku ngerti, aku salah aku wes kapok ra bakal tak baleni meneh".

Aku :"ket biyen ngomong kapok tapi nyatane mbok baleni terus,wes peng piro lehmu gawe salah?"

Mas jepri :"iyo sayang aku janji aku ra bakal mbaleni, aku kapok tenan"

              Aku ra kuat nahan nangis seng wes ketahan ket esuk,kabeh tak loske karo bojoku dino kuwi ugo. Nesu,emosi, kesel,anyel wes tak salurke kabeh  lehku nangis tak entekke nganti sesenggukan. Bojoku njur ngrangkul awakku jaluk ngapuro sak akeh -akehe. Aku dipapah lungguh no lincak ruangan kono banjur digolekne ngombe karo dijak ngomong alon- alon.

Mas jepri :"wes lego leh mu nesu"(karo ngusap sirahku)

Aku :(iseh nangis sesenggukan lan meneng wae)

Mas jepri :" wes ayo tak terke muleh sek,mergo iki no toko ra patut yen disawang wong tuku ngko tak omongi nek aku wes muleh nyambut gawe"

Aku : (ngadek tanpo ucap banjur mlaku ngetutke mas jepri)

Mas jepri :(nggandeng tanganku karo lirih leh mlaku)"yo sayang...."

               Teko ngomah aku iseh nyesek rasane koyo arep nangis meneh. Anakku njur marani ngelus wajahku seng amburadul ra karuan. 

Caca :"ibu....ibu ngopo kog nangis?"

Aku :"mboten,ibu mboten nangis sayang"

Caca :"iku wajah ibu koyo bar nangis"

Aku:( ngrayuk anakku karo ngajak gojekan)

            Dino kuwi sedihku keslimur karo anak,aku ra ngerti piye dadine yen anakku wes turu mengko bengi mesti aku sedih meneh. Wayah bengi teko cepet e ra kiro -kiro. Aku nyobo tak rem- remke mripat iki karo ngeloni anak nanging rosone dadaku iseh seseg wae koyo diantem. Bjoku nyedak turu neng sandingku karo mbrebes mili loh e.....mungkin was- was yen aku jaluk pegat. 

Mas jepri :" nduk....aku salah,aku jaluk ngapuro sak akeh- akehe karo awakmu nduk"

Aku :(iseh tetep meneng karo loh e mili )

Mas jepri :(ngeloni soko mburi)"aku rumongso salah banget nduk,seng wes yowes saiki aku arep berubah tenan"

Aku :"aku nggak popo mas, aku mung rumongso opo sampeyan yo isih gelem karo aku?"(lirih karo misek-misek lehku ngomong)

Mas jepri :" kudune seng takon ngono ki aku nduk, aku trimo yen awakmu arep nesu karo aku,arep muring,arep ngukum aku tapi aku raiso nek awakmu gur meneng ngene iki"

Aku :"aku sedih mas ora iso gawe seneng atimu,aku wong wedok raiso dandan,raiso nyenengke bojo"

Mas jepri :"ora nduk,aku bejo banget duwe bojo awakmu,ora neko- neko,ora nunutut bjomu ngene- ngene, aku seng salah".

Aku: "seng wes yo uwes mas aku lilo yen sampeyan arep nikah meneh"

Mas jepri:" ora nduk, aku sayang banget karo kowe dudu rupo seng marai aku seneng, atimu seng wes ngrubah aku nduk".

                  Sak bare prastowo kuwi bjoku soyo sayang karo aku. Ratau lungo adoh tanpo bjo utowo anak. Saiki wes mlaku 5 tahun bojoku seh tetep podo,ora maleh koyo biyen seh seneng neng ngomah, ngurusi anak bojo,gojekan karo anak- anak. Aku yo wes ora ngrasakne sedih meneh. Kabeh wes normal koyo wong omah -omah sak wajare

                 Aku seneng banget kabeh wes normal bojoku wes ora seneng dolan lan kumpul karo wong aneh- aneh, mas jepri wes berubah total ora koyo biyen. Yen ketemu koncone mesti nyritakne kedaden seng wes dialami 5 th kepungkur maturnuwun banget karo aku amargo dielingke salahe. 




         

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Harap - harap cemas

    Malam itu aku duduk diteras bersama keluarga kakak sepupuku. Setiba ada kakek - kakek yang datang ikut ngobrol bersama kami, kakek itu b...