"Wes.......ran, saiki aku wes pasrah karo nasibku, aku wes ra dwe doyo upoyo lan ra dwe koyo yen kon kudu ngoyo aku wes ra isoh....." ( sambate bapak dino iku karo mbak rani seng pingin jaluk duwet kanggo dolan). Bapak banjur mlebu no kamar terus sare teko bengi, mbuh piye lanjutane aku ora ngrungokne maneh amargo aku yo ngantuk. Esuk - isuk bapak wes tindak kerjo ngojek koyo biasane, sawetoro kuwi ibu lagi masak ono pawon seng sederhana bagian mburi omah. Mbak rani tetep durung tangi geneo srengenge wes sumunar meglong- meglong. Aku dewe repot mbantu ibu reresik omah koyo nyapu ro umbah - umbah.
Jam 11. 30 wib bapak sampun dugi griyo arep istirahat njur tindak masjid jamaah , rampung sholat bapak dahar siang. Sawetoro mbak rani lagi melek njur lungguh ono cedake bapak tapi bapak kendel wae amargo kelakuane mbak rani soyo suwe soyo sakpenakke dewe susah diatur wong tuwo. Aku dewe rumongso risih yen mbak rani wangsulan dikandani bapak.
Dino iki cepet banget, wayah bengi iki kroso adem lan sepi. Aku wes arep mapan turu sak bubar isya amargo awak kroso kesel banget akeh gawean njur dino iki mau akeh banget kedadean seng marai nguras pikiran. Mak tratap!!! Soko jobo ono suworo gembrubyuk koyo wong tibo. Aku rodo was -was marang kahanan seng samsoyo sepi iki. Alon -alon tak inguk lewat jendelo kamarku seng madep ndalan. Jebul mbak rani lagi mulih soko dolan karo kanca -kancane.
Bapak lan ibu mireng suworo mau banjur jengginggat metu niliki ono ngarep omah. Ibu mencereng ndelok polahe mbakyuku seng wes angel aturane. Sawetoro Bapak mung mencep lan ngerutke kulit bathuk njur mlebu omah. Aku rawani nyedak yen kahanan ibu mencereng, mesthi bar kuwi ibu duko raentek -entek. Aku mung ngawasi soko kamar karo ngelus dodo kog mbakyuku raiso mari olehe mbeling lan dolan.
Dino -dino dilakoni kanthi tegang lan panik no omah. Aku bingung kudu piye ngatasi masalah keluargaku seng ora adem ayem mergo kelakuane mbak rani. Kanggo nglipur ati, malem minggu aku meru karo konco2 kampung. Jebul pethuka mbak rani no ndalan karo konco -koncone. Mbak rani "naila.....ngopo kowe teko kene?" aku gragapan arep mangsuli jebul koncoku sinta mbantu "owh, iki mbak aku ngajak naila tuku kado go ulangtahun bapakku sesuk". Ah.....lego rasane . Mbak rani "ndang muleh! Selak bengi" jawabku "iyo mbak"
Seminggu wes kliwat soko pertemuanku karo mbak rani no ndalan. Kog mbak rani saiki wes jarang metu bengi njur ora patio ugal -ugalan maneh. Aku mung mbatin "opo mergo ketemu aku kae yo?mbak rani kog wes rodo mendo". Aku penasaran karo sikape mbak rani akhir -akhir iki. Meneng -meneng tak awasi solah tingkahe mbak rani awit tangi turu teko arep turu maneh. Pancen rodo bedo seminggu iki. Tak turut -turut jebul iki ono kaitane karo sinta.
Ora kesuwen lehku mikir aku njur nemoni sinta nakokne mbakyuku seng iso berubah kuwi. Sinta njlentrehke akih banget kahanane mbakyuku wektu kuwi. Intine mbakyuku wes kapok dolan wengi lan ugal -ugalan neng ndalan meneh. Atiku soyo ancles......banget krungu sinta ngomong ngono mau. Aku langsung muleh njur nemoni bapak lan ibu nyritake yen mbak rani saiki berubah kelakuane. Bapak lan ibu sawetoro rung percoyo yen mbak rani wes mari leh mbeling.
Aku ngundang sinta supoyo nyritakke yen mbak rani wes mari. Sinta teko gandeng romo ne moro neng ngomah banjur cerito. Bapak : "pripun pak turene nduk naila rani niku sampun berubah nopo leres?" romo : " owh ngeh pak sak derengipun nyuwun ngapunten geh kulo mboten ngaturi bapak amargi kulo geh ajreh menawi bapak duko kalian rani njur bakal miloro" bapak : " lha pripun pak kulo niku pun pasrah kalian rani mpun mboten saget nampi kelakuane ani ngeten niku". "pun mboten sah digaleh pak sak meniko mbak rani pun 100% mantun, mboten mbeling maleh"
Bapak : "estu pak?"
Romo :"estu pak, kolo mben dinten minggu kulo lan rencang -rencang niku rekak e geh patroli wonten radosan ngoten pak"
Bapak :" nggeh pak,lajeng?"
Romo : " nggeh kolomben niku mbak rani kejaring ugal -ugalan pak, lajeng dites urin naming mbak rani mboten konsumsi obat , lajeng kulo lan sak rencang niku sepakat nyaosi bimbingan kalihan mbak rani sak rencangipun. lajeng ngoten mbak rani niku nangis kemutan bapak lan ibu nipun kang sampun sepuh. Lajeng kulo nambahi wejangan dateng mbak rani bab urip lan mati. Saweg ngoten kog mbak rani lajeng matursuwun dateng kulo pak, njur enjing ngoten kulo dipuruki sak rencang ipun mbak rani ngaturi matursuwun lan nyuwun dipun tuntun mlampah dalan sae. Ngaten niku pak criosipun mbak rani saget mantun saking ugal -ugalan".
Bapak : "ya Alloh.....bapak kulo ngaturaken agunge panuwun dumateng bapak kang saget nyadaraken anak kulo saking dalan sesat pak amargi kulo geh rumaos gagal ndidik lare kulo "
Romo :"mboten nopo pak kulo geh remen menawi kaneman sakmeniko saget nyadari kesalahan lajeng tobat".
Aku tambah seneng krungu crito romone sinta mau. Alhamdulillah.....sakkabehe manungso neng ndunyo kuwi jebul yo duweni roso lan ati seng kudu dirubah dadi manungso seng sampurno urip bebrayan marang masyarakat lan kekancan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar