Sabtu, 09 Juli 2022

Ora kengguh Karo duwetmu

    Muleh kerjo Soko pabrik plastik aku leren sedelok Karo sinambi leyeh - leyeh Ono kasur kamar seng lawange madep ngetan. Kamarku ora mewah lan komplit koyo gone wong - wong liyane kae,kamarku sederhana Ning nyaman nek mung kanggo leren bengi sakrampunge aktivitas. 

        Drreeeettttt.......drettt......dreett......sworo getar hp jadul seng tak duweni ngagetke lamunku sakjroning istirahat. Aku langsung nyaut hp njur ndelok " sopo to sing ganggu lerenku Iki yahmene kog darat,dret....Ki opo wong longgar tenan yo"swaraku lirih. Jebul  gur miscall tok tur ora Ono jeneng e pisan, tak pikir wong iseng-iseng golek nomer opo mbohlah......wektu kuwi durung usum internet koyo Saiki lho Yo....

          Hp tak selehke banjur aku jupuk anduk siap- siap adus, koncoku cowok seng pernah tak Kon  ngeterke neng Jogja biyen.sms aku "Dik,lagi ngopo?"pitakone mas Eri. Karo awak lesu aku mlangkah njur  jupuk hp, tak woco SMS e Karo ngremeng Leh ku jawab Hem.....yahmene kog lagi kabar2 mau ngopo? " Lagi meh adus mas, lagi bar muleh Soko kerjo" deweke mangsuli maneh. " Aku melu dik,jupuke anduk Yo"unine SMS mas Eri no hp aku Mak deg!!!!rasane ora karuan.tak wangsuli maneh " emoh ah, jupuk Dewe mas anduk e kan adoh ". Mas Eri njur tlp"dik, mosok ngono to jawabmu aku kan apik seng Takon" Karo lirih mas Eri negeske. "Ehm...Yo Ra ngono mas, aku kan kesel bar kerjo mosok dibedoni trs, wes ah aku tak adus sek".hp tak selehke 

         Sak bar e adus aku njur niliki hp jebul Ono pirang2 panggilan tak terjawab. Mergo aku kepo aku bales tlp genti "halo....,Niki sinten geh ?" " Owh,Niki Yanto mbak" jawab e "Yanto sinten? Rencang kulo mboten enten seng asmane Yanto niku" semaurku tegas. " Lho.....berarti Kulo salah sambung Niki mbak?" "Walah, geh yakne mas" jawabku. Njur aku metu no ngarep omah Karo nyawang wong liwat seng semrawut mergo lagi Podo muleh kerjo.

          Dino Iki aku prei kerjo mergo Minggu, koyo biasane nek prei aku dolan Karo konco desoku pit2 an utowo golek buah - buahan dilotis. Sak wise Nemu buah- buahan aku sak konco lungguh no ngarep omah sinambi nyiapke sembarang bahan. Hpku keder meneh tibak e Ono tlp Soko wong nyasar wingi "halo mbak " swarane lantang. "Halo mas, Niki sinten?" "Kulo Yanto mbak seng kolo wingi tlp mbake" " owh,lha enten nopo mas? " Sautku. "Mboten nopo2 mbak sepurane Kulo angsal nomer saking rencang mbak, niat Kulo geh pados konco  ngaten" jawabe lugas tanpo Tedeng aling- Aling. "Lha rencange sinten mas, daleme pundi?" Takonku genti " Kulo Boyolali mbak, rencang kulo turene geh rencange sampeyan kog". "Loh.....mosok mas Kulo mboten gadah niku rencang Boyolali". "Enten mbak rencang kuliah". Jelas e mas Yanto 

      Tak pikir sakwetoro njur aku kelingan Yen aku tau Duwe konco kuliah wong Lanang seng omahe Boyolali. Biyen jaman aku ngancani mbak Lik no kandang Menjangan aku dikenalke Karo wong Boyolali kuwi. "Opo mungkin wong kae Yo seng kei nomer? " Batinku grundel. Ora Nyono bengi cepet Moro nek Dino Minggu. aku wes siap arep mangkat dolan jebul neng ngarep Lawang wes Ono mas Eri. " Arep nondi dek?" "Em, Arep dolan mas ngopo?" 

Eri : " aku pingin ngomong dek" 

Aku : " Yo Ndang lah, Selak ditunggu koncoku"

Eri : " mbok lungguh sek to"

Aku Karo mas Eri njur lungguh Ono lincak ngarep omah 

Aku : "piye mas, arep ngomong opo?"

Eri : "aku sesuk Arep neng perpus Melu pora?"

Aku : "ora mas, lha ngopo neng perpus ngajak aku?"

Eri : " Yo ,kan biyen we ngajak aku rung tak jajakne to dek sesuk jajan Baren Yuh!Karo neng perpus ngewangi aku gawe skripsi dek"

Aku langsung syok pas kuwi, tak kiro ajakane tulus,jebul Ono karep e 

Aku : "hemm....tak kiro ngajak jajan tulus tibak e Ono karep e to mas?"

Eri : " aku tulus Yo dek,yowes neknu jajan tok ae Yo sesuk sore ngono gelem pora?"

Aku :" Moh, ah mas aku sesuk kerjo muleh sore"

Eri :" muleh kerjo dek, bar magrib tak ampiri Yo"

Aku : "emoh mas.......wes to gak usah jajan wae dikumpulke dwet e"

Eri : " yowes dek, kapan - kapan nek awakmu longgar ae" 

      Seninku tak entekne go kerjo no pabrik plastik nganti teko sore aku lagi muleh. Teko ngomah Ono tlp Soko gone mas Yanto.

Yanto: " halo dek, sore!!!"

Aku :"sore mas, nek opo?"

Yanto :" ora Popo dek,mung kabar - kabar wae,lagi opo dek?" 

Aku :" lagi muleh kerjo mas, njur leren gletakan."

Yanto : " lhoh....!!!!opo Ra kuliah dek?"

Aku :" prei mas, aku wes skripsi kog dadi longgar tak go Nyambi kerjo"

Yanto: " owh.....ngono"

Aku : "Iyo mas"

Yanto :" eh, dek kapan2 dolan Yo aku pengen kenal cedak Karo awakmu"

Aku: " oh Yo mas nek aku longgar. Ning oleh gowo konco Yo"

Yanto : " Iyo dek, tenang wae sante nek Karo aku"

 Aku : "yowes mas aku tak adus sek Yo njur magrib bar kuwi Arep dolan Karo konco deso"

Yanto :" lho.....bengi kog sek dolan dek, pora kesel nek sedino kerjo njur bengi dolan?" 

Aku : " alah.....mung metu neng gone koncoku dilit wae kog mas"

Yanto :" ow,yowes nek ngono Ojo suwe - suwe seng dolan aku Ndak kangen"

Aku :" Wek.......opo kuwi mas?kangen barang Ki koyo yang e ae"

   Aku banjur metu Karo koncoku, neng dalan petukan Karo mas Eri, nanging dweke ora ngerti Yen seng mlaku mau aku Karo koncoku 2. Koncoku seng jenenge Ina ngomong 

Ina : "sari, kae mau ketoke mas Eri lho.....Arep neng omahmu"

Aku :"alah....mbokben lah.....mung ngajak ngobrol ae kesel aku jare arep jajakne Yo ora tau Nyoto"

Ute:" Halah.....sar......we Ki dikei arep2 mas Eri lho ketoke seneng Karo awakmu kog kwe Endo wae to. Suk nek kwe getun mboh lho Yo"

Ina :" Iyo lho sar" 

Aku :"weslah.......ayo Ndang mlaku"

Soko kadohan mas Eri noleh njur nyeluk aku sarrr.......sari......bengok e mas Eri 

Aku : "aduh......ngopo ndadak noleh to" seruku 

Eri :( mbalik ke motor trs parani aku )" arep dolan to sar? aku pengen ngajak metu dilit sar Saiki iso to?"

Aku :" lha aku wes janjian Karo konco - konco he mas,piye ki?"

Ina lan ute: " ora Popo sari.......awake dewe iso dolan sesuk maneh to seng penting mas Eri pingin diladeni sek"(Karo cengengesan)

Aku : (nyeblek konco - koncoku)" huss...we wi malah do ngece og"

Ina lan ute :( mlaku Alon - alon Karo ninggal aku)"da...da.....sari......selamat seneng - seneng Yo....."

Aku :" lhoo.....aku kog ditinggal to?"

Eri :" makasih ya mbak, wes to dek ayo Ndang numpak kene!"

Aku : (mesem semu males Karo mas Eri)"yoweslah ayo ,metu nengndi?"

Eri :"kwe pengin dolan nondi dek?tak turuti wes"

Aku :" aku pengen dolan karo koncoku mas"

Eri:"hemmmm........sek mutung ae to dek,mbok Yo ngomong salahku opo kog mbok nesone ae Ki?"

Aku :"ora salah mas, mung aku ora seneng nek muleh kerjo njur mbok ganggu koyo wingi kae,nek ngomong Yo seng sopan to"

Eri :" owh.....kae to....?iyo dek sepurane yo aku janji ora bakal mbaleni meneh kog"

Aku :" tenan lho,awas mbok baleni neh, aku wegah mbok jak ngobrol"

Eri :"siyap......sayangku...."

Aku: (jiwit bangkeane mas Eri)"lho......mbedo meneh to"

Eri :"lha piye to dek ngono mosok mbedo njur aku kudu piye sayang?"

Aku :" ah.....mboh mas"

Mas Eri ngendekne motor neng warung bakso cedak alun - alun kota njur mangan bareng. Bengi kuwi aku akur maneh Karo mas Eri, tapi mak deg!!atiku koyo enek seng geter2 no kantongan celonoku.

Aku :"aduh mas, sek Yo enek seng SMS iki"

Eri :"Iyo sayang, ora opo - opo kog"

Aku :"mas, Ojo nyeluk sayang to aku isin,roh wong akeh"

Eri :"ehm.....Iyo adek manis......."

Aku :(jawab SMS e mas Yanto njur langsung nutukne mangan Karo mas Eri)

Eri : " wes rampung dek manis?ayo tak terke mantuk njur bobok, ojo dolan meneh Karo koncomu yo Iki wes bengi, sesuk kerjo Ben ra lesu ro kekeselen awakmu.

Aku :"geh.....sendiko mas Eri...."

Eri :"duhh.......manis e adik calon pendamping hidupku Iki"

Aku :(njawel lengene mas Eri)

Teko ngomah aku mlebu kamar. Nanging mas Eri iseh neng ngarep omah ngobrol Karo mas ku ponakan,amargo mas Eri Kuwi iseh sedulur karo keluargaku. Etungane deweke kuwi dulur soko mbahku buyut. Makane mas Eri akrab karo keluargaku ndadekne keluargaku ora nesu nek aku dolan karo deweke. Hpku keder maneh, mas Yanto telpon sesuk ngajak dolan no pantai nanging aku kroso wegah nek ndadak ijin ora kerjo.

Yanto :"malam dek sari,lagi opo Ki?"

Aku : "lagi muleh dolan mas,nek opo?"

Yanto :" piye dek,kapan iso dolan ro aku genti? wes pengen ketemu iki."

Aku :" waduh mas.....aku sek kerjo yo, kapan - kapan nek aku prei yo!"

Yanto :" lho.....piye to dek, kapan longgarmu aku Ra mbok kei ngerti lho.....yo "

Aku :" suk nek aku neng kampus ae mas ketemuan,paling Minggu ngareplah"

Yanto :" aduh dek, aku pengen Ndang weruh awakmu njur tak lamar ngono lho...."

Aku :(kaget)"he.....!!!!!lamar?lha kenal we mung lewat hp kog nglamar to mas?"

Yanto :" Yo rapopo to, wong aku golek kenalan Ki kanggo calon bojo dek ora go main- main tok, aku Ki wes duwe omah dewe, pabrik triplek karo salon lho."

Aku :"wo......elok men mas sampeyan, nanging aku ora tertarik karo kuwi kabeh mas, niatku golek kenalan go kekancan ora neko-neko mas."

Yanto :" Iyo dek, mulane ayo ketemuan ben awakmu iso weruh aku,sopo ngerti njur awakmu iso seneng karo aku."

Aku :"Iyo suk Minggu ngarep ae"

Yanto:" susahmen to dek....."

Aku :" yoweslah mas aku ngantuk,kesel tak bobok sek Yo"

Yanto:" Iyo sayang....."

hp tak pateni njur turu nganti adzan subuh nyeluki, aku Tangi umbah -umbah, nyapu njur adus. rodo awan sitik tuku sarapan cedak omah terus mangkat kerjo. Lagi arep mlangkah metu soko kamar hp wes keder, mas Eri telpon

Eri :" pagi sayang, lagi opo?"

Aku :"Iyo mas, lagi bar adus arep kerjo, piye Ono opo mas?"

Eri :" esuk men to leh mangkat kerjo dek?aku lagi muleh ko mesjid rung krungu swarane kog wes ditinggal kerjo"

Aku :"hayo........wingi janji opo?"

Eri :"eh, sorry sayangku kepleset ki ilate, Ning yo tenan Ki dek, aku gur pingin krungu swaramu tok wes marem."

Aku :" iyolah.....serah, sakben sore sampeyan Yo rene wes krungu to"

Eri :" kan bedo dek swara esuk Karo sore ki"

Aku:" mosok seh mas mangsaku Yo Podo ae kog swaraku tetep ngene ora berubah"

Eri :" nek sore aku jagongan karo dulur2 gur krungu swaramu soko adoh,nyawang yo ko kadohan nek esuk ngene kan aku iso krungu langsung dek, ngobrol berdua Lego...."

Aku :" yowes lah ngko sore tak jagongi nek dolan rene mas, saiki aku tak kerjo sek Yo?"

Eri :" Iyo sayang.....ngati - ati yo nek kerjo!"

Aku :" opo lho kerjone gamping mung bergulat karo plastik kog ndadak ati - ati."

Eri :" Yo tetep kudu ati - ati sayang"

Aku : "Iyo.....dah......"

Aku mangkat kerjo kanthi semangat soko gone mas Eri. Dino Iki aku muleh gasik mergo barange wes entek seng di sortir. Aku muleh sekiro rolasan sisan sholat dhuhur neng ngomah. bar rolasan aku niat tilik2 kampus karo nongkrong golek info sisan ketemuan karo mas Yanto. Ora nyongko bar dandan malah mas Eri wes njedul neng ngarepan omah, awake reget Kabeh sajak bar ko kali.

Aku :" lho....mas Eri kog reget men ko ngendi?"

Eri :" he...he....Iyo sayang, ko kerjabakti mesjid kidul deso kunu , aku rep nunut adus dek, sisan dhuhur neng kene."

Aku :" yoweslah Ndang kono adus, tak golekne anduk ro jileh salin e masku ponakan."

Eri :"duh.....manis tenan sayangku"

Aku :(jiwit lengen e mas Eri) "hemm......ngrayu meneh"

Eri :"rapimen sayang, arep nondi?"

Aku : "kampus golek info "

Eri :"tak terke po piye? wes awan Iki nek nyegat bis angel lho"

Aku :" lha kan sampeyan kerja bakti to mas, bis gampang Yo nek mangkat ki yahmene malah longgar kog"

Eri :" we nyat angel og dek, mulehe Ojo bengi -bengi lho yo.....(mbisiki)aku pingin ngobrol"

Aku :" injih.......mas"

Teko kampus aku goleki mas Yanto seng wes tak janjeni sak durunge mangkat mau. Hp keder - keder sajak Ono telpon soko mas Yanto 

Yanto : "dek,aku wes teko kampus. Tak tunggu ngarep gerbang Yo"

Aku :"Iyo mas aku lagi mlaku Iki"

     Aku weruh mas Yanto Soko kadohan. Wonge pawakan cilik duwur, rambute Ireng rodo dowo sebahu dandane necis lan rapi. Rumangsaku malah koyo bapak -bapak. Aku nemoni sedelok njur alesan nek arep ketemu dosen,mergo aku kurang sreg karo mas Yanto seng terlalu naif kanggoku.

     Urusan kampus rampung aku njur muleh rodo kesoren wes arep magrib kae. Mas Eri wes siap - siap neng mesjid cedak omahku sajake deweke nunggoni kawet mau. Mboh kenopo aku rodo ora mood mergo petukan mas Yanto mau. Mas Eri nyopo aku mung nyauri Hem tok.

     Muleh soko mesjid mas Eri nyeluk aku seng no kamar.

Eri: "sari......sar......"(swarane mas Eri Alus koyo sembodro)

Aku :" Hem.....Iyo mas lagi arep magrib sek"

Eri :" ow,yowes bar magrib metu Yo nemoni aku sek dilit rep ngomong"

Aku :"Iyo......"

 Sedelok lehku magrib an njur nemoni mas Eri seng lagi ngobrol Karo mbakyuku ipe ponakan. Aku lungguh rodo adoh Soko mas Eri. Nanging mbakyuku kroso Yen aku pingin ngobrol karo mas Eri .banjur deweke mlebu ngomah.

Eri :" ngopo sayang.....kog sajak lesumen"

Aku :" ora Popo mas,mung kesel kog."

Eri :" rasah nutupi kesedihanmu to, aku ngerti opo seng mbok rasakne sak iki,piye ora ketemu dosen po?"

Aku :" ketemu mas."

Eri :" lha njur opo masalahe sayang?"

Aku nyedaki mas Eri njur ngomong jujur Yen bar ketemuan Karo wong lanang seng durung kenal.nanging mas Eri ora nesu lan curiko Karo aku,malah mas Eri menehi solusi Yen aku ki kudu ati - ati Yen kenal karo wong lanang seng durung tau ketemu 

Eri :" weslah sayangku......rasah mbok pikir,aku ora nesu kog aku seneng awakmu gelem jujur Karo aku. Tandane awakmu sayang e karo aku tenanan ora gur  ethok -etok 

Aku :" Hem.....kapan aku ngomong sayang sampeyan mas?"

Eri :" rasah ngono sayang, aku ngerti opo seng mbok rasakne kog, ketok soko sikap, perbuatan lan tingkahmu marang aku sayang"

Aku :(isin - isin Karo mesem )

Eri :" wes to.....rene rodo nyedak meneh kog adohmen koyo wong jotakan"

Aku :" Iyo.....jare kon nemoni meh ngomong opo mas?"

Eri :" ora Popo pengen ngobrol ae kangen karo awakmu dek"

Aku :"Halah........nggombal ae terus......"

Eri :" tenan yo sayang........"

Aku :" mas, sesuk neng perpusda po perpus kampusmu yo aku pengen golek referensi"

Eri :" siap mengantar sayang......."

Aku :"Halah........Ojo ngono to mas isin aku"

Eri :" isin ngopo sayang wes podo gede ne kog "

Sak bar e kedadian Kuwi aku njur tambah akrab karo mas Eri,hubunganku Soyo apik sanajan sesuk mboh piye critane.






 
















Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Harap - harap cemas

    Malam itu aku duduk diteras bersama keluarga kakak sepupuku. Setiba ada kakek - kakek yang datang ikut ngobrol bersama kami, kakek itu b...